Rabu, 25 Februari 2015

Pidhato Basa Jawi



Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkang minulyo Kepala SMP Negeri 1 Cluring.
Ingkang minulyo Bapak - Ibu Guru karyawan – karyawati  ingkang satuhu luhuring budi.
Rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo sehinggo sakmeniko kito sedaya saged makempal wonten ing adicara perpisahan sak manika kanthi pinaringan karaharjan.
Poro hadirin ingkang minulyo
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kula lan sak rencang - rencang dateng pawiyatan sak menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Poro hadirin ingkang minulyo
            Wonten ing adicara sak menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agengipun pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mbok menawi nggadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Poro hadirin ingkang minulyo
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriki sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Poro hadirin ingkang minulyo
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar